INYONG BUNGAH DADI WONG TEGAL

Rabu, April 05, 2017



                                                                  www.kaostegalasli.blogspot.co.id
 
Mau bengi, ceritane nyong ndopok karo kanca se-grup ning ODOP. Awale ta ya ndopoke soal kenalan, unggal wong dikon perkenalan. Asli, sebenere ta ya pengine kabur bae lah, soale isin ya, nyong ta ora duwe kelebihan apa-apa. Tapi, karena kudu, dadi ya wis lah ora papa.

 Geliseng cerita, nyonge kenalan o, tek sebutena bahwa nyong kuwe wong Tegal. Eeeh, jebule koh pada respon. Sing respon ya siji loro sih, asline ta, tapi respone kuwe heboh, kaya kuwe. Tapi, embuh ya, nyong koh bangga dikenal sebagai wong Tegal. Mangkia diledek jere ngapak, pan belih a. Ngapak-ngapak ya pora, malah angger ora ngapak ora kepenak, belih? Sisan bae tek kandani jargone wong Tegal: Tegal Laka-Laka. Deweke bingung, laka laka sih, apa? Tek jawab: laka-laka adalah langka saingan, langka tunggale, seng ada lawan, jere wong sebrange kaya kuwe hehehe. 

Nyong wis suwe ora urip ning Tegal. Tapi, mangkia nyong wis suwe ning perantauan, angger wis ngomong tegalan, leeh aja takon, nganti kelalen mandeg, kelalen mangan kelalen nginung#tipu alus dikan, akhire serak. Apamaning nyong ta tegale puncit perek Guci, bahasane luwih ajib o, wong Tegal asli be ora paham. Kaya ta istilah mbarah, lingir, nempur, wade, gegeni lan liyan-liyane. 

Untunge nyong angger soal bahasa ta mada cepet nyambunge. Dadineng urip ning endi bae ya bisa adaptasi karo bahasa setempat. Soale, nyong ta ora wedi salah nyoba ngomong bahasa setempat. Prinsipe: ning endi bumi dijejek...(nang kene kyeh :D), nang kono langit dijungjung. Dadineng, nyong bisa bahasa macem-macem. Logate ya, alhamdulillah bisa melu logat asline, mendekati lah ora kaku temen. Hasile, nyong ngomong sunda ya bisa, ngomong inggris ya bisa, ngomong jawa wetan ya bisa, apamaning arab ta ya cipil o. Arab...arab pati nggenah alias asal mangap bae. Wkwkwk. Otomatis, ngomong tegal ya karo merem be cerem #yaiyalah wong sembareng brojol krungune bahasa Tegal, ora nglotok nda kebongeden o. 

Asline ta kanda soal Tegal, laka pragate. Soale selain unik, juga akeh kekhasane. Kaya ta teh Tegal sing laka-laka, teh poci, teh tong tji, teh dua tang, teh sosro, kuwe asline sing Tegal. Durung, ana gula batu, tahu pletok ( tahu aci ), endog asin, rujak teplak, tempe bosok, soto tauco, lengko, lah...lah...kiye bisane anjoge meng panganan sih? Kanda apa lesu sih, rika? Wakakak, ya wis semono dingin bae. Nulis semono be ail koh otakke mbari mikir. Esuk maning tek ceritani tentang Tegal sing Laka-laka lan ngangeni. Tegal ngapak-ngapak, ora ngapak ora kepenak. Tegal Laka-laka, Brooh!




You Might Also Like

6 komentar

  1. Kalo denger my ayah ngomong gini suka geli sendiri. Selalu ngehindar wkwkwk

    BalasHapus
  2. Kalo denger my ayah ngomong gini suka geli sendiri. Selalu ngehindar wkwkwk

    BalasHapus
  3. Cobo yo mbak, awake dewe ngobrol nggawe bosone dewe2. Seru palingo yo hehe

    BalasHapus
  4. 😂😂😂😂😂😂😂😂😂😂😂😂😂😂😂😂

    BalasHapus